Rabu, 27 Januari 2016

Gurit: Kidung Kanggo Ibu

Unknown

Kidung Kanggo Ibu

Gurit lawas kanggo ibu
Mangsa rendeng
Nalika udan tangis banjir luh
Rina wengi ngetung janji
Nganti dadi samodra cidra
Nyawang raga meh pupus sukma
Nanging ati ora bisa nrima
Dalan sansaya peteng sesawangan donya
Riwis riwis tumetes tekan batin
Dadi tlaga kajugrukan wukir kadurjanan
Sing ora bisa nemuning rasa
Bali mabur dadi awu tekan pati


Kamis, 14 Januari 2016

Iber Iber : Pocung 2

Unknown



                             IBER IBER 

Dhumateng Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom 

      Pocung



     2.   Kuyu kuyu
 

         Lumayu sarwi rawat luh
   

         Wusanane mangkya
      

         Tan ana tinjo sawiji
      

         Yen mangkono tangise anggawa brambang 


Kaanggit dening Kasuhunan  Pakubuwana IX

Makalah : Gethuk, Panganan Tradisional Kas Kutha Magelang

Unknown



Gethuk, Panganan Tradisional Kas Kutha Magelang 
Endah Dwi Purnawati 
2611414025

Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang Sekaran, Gunnungpati, Semarang, email: srkhanshan@gmail.com, Handphone: 085725735330

ABSTRAK
Gethuk jajanan tradisional kas Magelang kang digawe saka tela. Gethuk nduweni maneka warna wujud lan rupa nanging warna kang alami yaiku werna puthih asli saka werna telane, werna liyane bisa nggunakake gula jawa kanggo werna soklat, ijo nggunakake godhong pandan lan pawarna panganan. Kabeh mau digunakake supaya gethuk tetep katon endahe, disawang bisa ngegodha rasa lan gethuk duweni cita rasa kang kas dhewe. Penelitan ingkan menika gunaaken metode kualitatif kanthi teknik pangempalan data awujud daftar pustaka, lan observasi. Observasi dipun lajengaken wonten Redja Winangun pasar tradisional ingkang mapan wonten kutha Magelang lan warga masyarakat sakkupengipun. Observasi kalampahan kangge nguattaken cita rasa gethuk sakmenika ingkang sampun dados panganan tradisional.

Kata kunci: Gethuk, panaganan tradisional saking kutha Magelang

 PENDAHULUAN
            Magelang dipun kenal dados kutha gethuk. Gethuk, menika kiyambak maeman kas Magelang ingkang kathah dipun pasaraken wonten pasar tradisional lan ugi warung oleh oleh. Gethuk dipun damel saking tela ingkang dipun godhok  sakbanjuripun dideplok ngangge lumpang ngantos tapis. Maeman saking tela anggadahi rasa manis gurih lan empuk saingga saget dipun nikmadi dateng sedaya golongan, amargi gethuk saking Magelang luwih eco dipun bandingaken dateng gethuk liya liyanipun.
            Saking obahing wektu dumugi jaman, gethuk sampun owah. Gethuk inhkang waunipun dipun damel sacara manuwal nangin samenika sampun ngginaaken mesin supados nalika nggiling saged gampil. Bungkus gethuk samenika dipun damel ngantos katingal endah, supados menarik lan udi saged dados  oleh oleh engkang wangun.
            Sakmenika gethuk sampun dipunbungkusan ngangge bungkusan bungkusa kanthi awujud sae. Salah satunggalipun merek ingkang kondhang  inggih menika Gethuk Trio. Nanging sejatosipun tasih kathah merek sanesipun, yaiku antarane:  Nyah Week, Gethuk Trio, Gethuk Marem, Getuk Eco, Gethuk Sarinag, Gethuk Trio Aroma, Gethuk Millenium, Gethuk Trio Rasa lansapanunggalane.
Merek gethuk wau dipun damel wonten pabrik gethuk lan sedaya menika gethuk ayar. Gethuk asli Magelang dipun dmel dateng mbah Ali lan dipun terasaken dateng ahli warisipun. samenika boten kadah tiyang ingkang mangertosi bilih ing jaman kina gethuk paling enak damelanipun mbah Ali Gondoki ing taun 1940-an. Gethuk damelanipun mbah Ali surih lan enak sanget. Keenaan lan kasedepan gethuk sampun ngantos wonten pundi kemawon, saknjawi khuta Magelang inggih sami mangertosi. Mbah Ali ingkang asalipun saking desa Karet Magelang dados kondhang.
Landasan Teori
            Teori, alat ingkang penting saking pengalaman. Tanpa teori namung wonten pangerten bab ikatan ingkang nyata, nanging bakal muncul ilmu pemikiran (Koentjaraningrat). Teori yaiku landasan ingkang awal bab kawruh, saged dipun gunakaken kangge nganalisis kadadean ingkang nyata. Teori yaiku tuntunan ingkang utama kanggem ngranpungaken perkawis ingkang ngenani bab panelitenan ing salebetipun ngelmu.
Jajanan tradisional, tatacara adat tradisi warga masyarakat ingkang sampun dados pakulinanipun lan sadaya golongan eknik dados setunggal dateng tataran sosial budaya. Panganan menika dipun remeni, amargi rasa, rupa lan kasedepan adedasar saka kasenengan. Pakulinan pagawean maem kas daerah nalika pindah dateng daerah liya umumipun inggihboten benten.
            Jajanan tradisional, panganan ingkang nggambaraken kekasan daerah samenika  lan ugi sampun mbudaya ngantos dangu ing daerah samenika.

HASIL /PEMBAHASAN
Gethuk adalah hidangan tradisional yang terbuat dari ketela pohon / Singkong dan parutan Kelapa.



  Bahan-bahan dasar dan bumbu membuat gethuk khas Magelang :

     - Singkong ½ kg, kupas dan potong
     - Kelapa ½ buah, parut
     - Gula pasir atau gula jawa 150 gram
     - Garam ½ sendok teh
     - Pewarna makanan secukupnya
             Gula jawa, bubuk cokelat, daun pandan, dan daun suji ( pewarna alami).
     - Air secukupnya, untuk mengukus(merebus)

  Cara membuat gethuk khas Magelang
  1.  Terlebih dahulu singkong dikupas, lalu dicuci bersih serta dipotong-potong. 
  2. Singkong dikukus atau direbus hingga matang. Angkat dan tiriskan. Singkong diangin-anginkan supaya uapnya hilang.
  3.  Singkong  ditumbuk dengan cara manual menggunakan lesung sembari dihilangkan seratnya menggunakan arit (celurit).
  4. Adonan yang sudah agak halus dicampur dengan gula pasir, garam sedikit, mentega putih, pewarna makanan dan penambah aroma.                                                                                       Untuk pewarnaan coklat alami, bisa menggunakan gula jawa maupun bubuk coklat dan warna hijau alami, bisa menggunakan daun suji atau daun pandan. Penambahan aroma gethuk, bisa menggunakan vanili. Penggunaan mentega putih bertujuan agar tidak mempengaruhi warna adonan Gethuk. Penggunaan gula (pasir) asli akan membuat adonan menjadi lunak, berbeda halnya dengan penggunaan pemanis buatan.
  5.  Adonan yang telah ditumbuk dan dicampur dengan berbagai macam bahan tadi selanjutnya digiling/ ditumbuk lagi sebanyak 2 kali untuk menghasilkan Gethuk yang halus dan lumat.
  6.  Masukkan  adonan gethuk kedalam wadah, kemudian diiris sesuai selera.
  7. Kelapa diparut kemudian diberi sedikit garam agar terasa lebih gurih.
  8.  Gethuk yang telah diiris diletakkan kedalam piring saji dan ditaburi parutan kelapa di atasnya.
  9.  Gethuk khas Magelang siap disajikan

PENUTUP   
  
 Kesimpulan

Gethuk merupakan makanan tradisional khas kota Magelang, dimana gethuk ini terbuat dari ketela pohon atau singkong yang menjadi kuliner yang digemari masyarakat Magelang hingga luar daerah.

Iber Iber : Pocung 1

Unknown

IBER IBER
Dhumateng Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom

Pocung

1.      Kang pinuncung
 Kacancanging driyaningsun
 Myating kadangira
 Katon tresnane mring mami
 Nalikane manira tan enget ika


Kaanggit dening Kasuhunan  Pakubuwana IX

Tembang : Pocung

Unknown

 Pocung

Budi luhur iku pakarti pinunjul
Rumeksa ing jagad
Nuhani dhawuhing gusti
Yaiku pawiatan negri semarang

Tembang: Pocung

Unknown
Pocung

Bocah iku
Kudu bekti marang ibu
Tuhu lan percaya
Ngelmu iku den upadi
Lamun anuhoni kasembadan sedya

Tembang: Pocung

Unknown
   Pocung

Nora weruh
Rosing rasa kang rinusuh
Lumaketing angga
Anggere padha marsudi
Kana kene kahanane nora beda

Tembang: Pocung

Unknown
        Pocung

Budi luhiur
Bocah kang tansah mituhu
Wewarahing dwija
Iku ilmu kang kaesti
Nyata bisa kasembadan sedya nira

Geguritan: Budaya Adiluhung

Unknown
Budaya Adiluhung

Sang bagaskara wus kapratanda wengi gumanti rina
Gumregah jroning wardaya
Nuhani dhawuhing dwija
Wewarah kang den upadi
Yaiku ilmu kang sejati
Mrih rahayuning sesami
Enget lamun para mudha
Iku minangka cagaking nagara
Tansah eling mring budaya
Arum pindha mekaring puspita
Gumebyar kadi kartika
Padhang yayah sang surya
Endahing warna sinampiran budaya luhur
Budi pakarti laku utama tumindak luhur
Yekti babon satuhu
Kanthi rembakaning budaya kasembadan negari adil makmur

Geguritan: Sabdaning Sang Dwija

Unknown
Sabdaning Sang Dwija

Sang bagaskara wus kapratanda wengi gumanti rina
Gumregah jroning wardaya
Nuhani dhawuhing dwija
Wewarah kang den upadi
Yaiku ilmu sejati
Mrih rahayuning sesami
Enget lamun para mudha
Iku minangka cagaking nagari
Oh sang dwija
Arum pindhapuspita
Gumebyar kadi kartika
Padhang yayah sang surya
Piweling kang satuhu
Tansah eling eling lan waspadha jroning kalbu
Iku minangka kanthining laku
Dadya bangsa kang antuk utama budi luhur 


Kaanggit dening ki supono

Selasa, 12 Januari 2016

Tembang : Kinanthi

Unknown
Tembang Kinanthi

Surup surya wanci ndalu
Gumregah mangsah semedi
Jatining rasa pepintan
Katur ywang murbeng dumadi
Jer kasembadan ing sedyaa
Antuk nugraha sejati


Kaanggit dening Ki Supono

Wayang : Bima

Unknown
Bima





       Raden Werkudara satriya Jodipati panenggak Pandhawa armajanira Prabu Pandhudewanata nyata satriya linuwih kekasihing dewa. Gegadhuhan kuku pancanaka, gada Rujakpolo. Minangka sipat kandel ngayomi para kawula. Dhasar satriya utama berbudi bawa laksana. Kagungan garwa tiga : Dewi Arimbi, Dewi Nagagini, Dewi Urangayu. Dewi Arimbi apeputra Raden Gathutkaca. Dewi Nagagini apeputra Raden Antareja. Prandene Dewi Urangayu apeputra Raden Antasena.

     Atmaja tetiga darbe watak satriya utama dhasar kekasihing jawata. Sedaya wau dados senapatining negari. Raden Gathutkaca rumeksa ing antariksa. Dene Raden Antareja njaga kawidadaning jroning bantala. Raden Antasena ana ing padharatan.

         Raden Werkudara satriya remen mbangunaken tegel, nggenturaken tapa, kathah nugrahaning bathara ingkang sampun tinami Raden Werkudara. Ngantos dumugi tumapaking perang Baratayudha Raden Werkudara bisa amerjaya Prabu Duryudana iku mung tandha naliti bener lan luput. Jaya-jaya wijayanti tetep jaya / unggul para Pandhawa.

Parikan

Unknown
Parikan

Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara lan nduweni purwakanthi ab-ab. Ukara sepisanan yaiku ukara kaggo narik kawigaten, kang kapindho minangka isi. Parikan iku kaya dene pantun ananging mung rong larik. Parikan uga migunakake purwaknthi swara.

Conto saka parikan yaiku :

  • Wajik klethik, gula jawa
          Kalah dhisik, ora papa
  • Tawon madu, ngisep sekar
          Dadi guru, kudu sabar
  • Kripik kenthang, kripik tela
          Sithik edhang, waton rata
  • Kutha Kendhal, Kaliwungu
          Ajar kenal, karo aku
  • Jambu, apa jeruk
          Aku melu, apa entuk
  • Kupat binuntel ro klapa
          Sedaya lepat, nyuwun ngapura
  • Rujak cengkir, pantes den wadhahi cangkir
          Mipir-mipir, polahe wong arep ngesir
  • Bisa nggambang, ora bisa nyuling
          Bisa nyawang, ora bisa nyanding

Senin, 11 Januari 2016

Watak Satriya Utama

Unknown
Watak Satriya Utama


Watak satriya utama yaiku watak kang becik. Darbe watak kayadene :
  • Bumi ( Kisma, Lemah, Siti, Bantala )
          Trisna, welas asih, seneng paring dana, geganjaran, aja nganti ngilangake pangarep-arepe para kawula.
  • Surya ( Baskara, Srengenge )
          Kudu bisa menggalihake kawulane, uga minterke, aja pinter di enggo dhewe mung kanggo minteri, kawulane pinter diajak bareng-bareng ndandani negarane dadi negara adil makmur.
  • Candra ( Rembulan )
          Kudu bisa gawe tentreming kawula, bisa ngayomi para kawula, aja malah medeni, bisa ngudhari reruwetan, madhangi kepetengan.
  • Kartika ( Lintang )
          Kudu bisa paring tuladha / conto, bisa dadi pnutning kawula, kudu bisa adil wicaksana, aja gampang kena pambujuking liyan, adeging prenatan kudu di tuhoni.
  • Dahana ( Geni, Agni, Bromo )
          Kudu bisa adil, sapa salah yo kudu wani ngluputake yen bener yo kudu dilabuhi / dibelani.
  • Akasa ( Langit )
          Kudu sabar aja seneng mutuske perkara tanpa di teliti luwih dhisik, kudu tansah ening, eling lan waspada, supaya ora klera-kleru.
  • Maruta ( Samirana, Angin )
          Aja seneng mbedakake drajat / kalungguhan, bisa manunggalake kawula gusti, bisa mangerteni kahanane kawula saindhenging Nusantara.
  • Samudra ( Segara )
          Bisa dadi Bapa ngrengkuh kawula saindhenging Nusantara.



Gambang Suling

Unknown
Gambang Suling


           Miturut Wikipedia Gambang Suling iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangake dening bocah-bocah cilik, utamane ing padesan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane. Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangake dening waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.







Tampi Pasrah Panganten Kakung

Unknown
Tampi Pasrah Panganten Kakung


Nuwun,

Winantu ing kawilujengan.
Sinartan sinukartaning panambrana.

Ibu miwah Bapak R. Kusna Wijaya, S.H., dalah para putri putra, dalasan sanggyaning kulawarga, punapa dene para rawuh.

Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak Drs. Iman Sarjana, ing anyulihi Ibu tuwin Bapak R. Kusna Wijaya, SH., amasrahaken panganten kakung, keparenga kula matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R.M. Sukarja Wiryasuputra, kula kadhawuhan tampi pasrah panganten kakung.

Pramila, keparenga amratelakaken bilih ing samangke wanci tabuh 10.00, panganten kakung kula tampi kanthi sae, andadosaken suka bingahing manah; saha sumangga sami muji muja syukur konjuk ing Hyang Murbeng Gesang.

Salajengipun panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putri Asih Sulastri, dumungkup upacara candhakipun.

Kula nyadhong pangaksami mbokbilih wonten kakirangan saha kaladuking panampi.

Nuwun.


( Kapethik saka :
Tuntuna Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda )

Pasrah Panganten Kakung

Unknown
Pasrah Panganten Kakung


Nuwun,

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Mahaasih mugi kajiwa kasarira wonten ing panjenengan sadaya.

Kairing sagunging pakurmatan.

Ibu saha Bapak R.M. Sukarja Wiryasuputra, tuwin para putri putra, dalasan sagung kulawarga, miwah para rawuh.

Nuwun, kaparenga matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R. Kusna Wijaya, S.H. sakulawarga, kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung Adi Sumantri katur Ibu saha Bapak R.M. Sukarja Wiryasuputra.

Wondene kalampahanipun makaten : Kala wau wanci pukul 09.45, panganten kakung kula pendhet saking dalem Jl. Gombel Permai Angka 21, kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak kadang, mitra pitepangan, sawatawis, kula bekta sowan dumugi ing dalem Jl. M.T. Haryana Angka 878 ngriki, kalayan gangsar saha gancar.

Pramila, ngembun sarta ngemban dhawuh wigatosing sedya, kaparenga ing samangke panganten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken katur bapak J. Soedardja, S.H., ingkang anyulihi Ibu dalah Bapak R.M. Sukarja Wiryasuputra, cundhuk kaliyan lampahing upacara.

Wasana kula nyuwun pangaksami mbokbilih anggen kula nindakaken ayahan punika wonten ingkang kurang ndadosaken pirenaning panggalih.

Nuwun.



( Kapethik saka :
Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda )

Wayang : Kresna

Unknown
Kresna






       Prabu Sri Bathara Kresna narindra ing Negara Dwarawati. Mila ajejuluk Prabu Sri Bathara Kesna narindra panjelmaning Bathara Wisnu, gegadhuhan pusaka Sekar Wijaya Kusuma, senjata cakra. Nyata nata ing Dwarawati Ratu panjalmaning dewa dadi pangayomane para kawula. Uga ngayomi para kadang Pandhawa. Bela marang tumindak luhur tansah nuhoni ing bebener ora kersa nerak paugeraning pernatan tuhu rumeksa saindhenging jagad. 

   Prabu Sri Bathara Kresna dados pengayome para kadang Pandhawa dumugi perang ing Baratayudha. Minangka dados botohing Pandhawa, pinercaya dening dewa pinaringan Jitapsara. Datan mokal narindra digdaya sekti mandraguna ora tedas tapak paluning pandhe sisaning gurinda yekti titah kekasihing dewa, iku sanyatane atmajanira Prabu Basudewa. Kagungan kadang werda Prabu Baladewa ya Raden Kakrasana narindra ing Mandura. Narindra kang putih warnane nyata wus bontos sawiring ngelmu, tautate jumeneng pandhita gegadhuhan pusaka senjata Nenggala.

      Prabu Sri Bathara Kresna uga kagungan kadang mudha ingkang asesilih Dewi Wara Sembadra. Wanita kang endah warnane, saka kersaning jawata wanita minangka baboning ratu. Nalika semana Dewi Wara Sembadra wis dipacangake Raden Permadi atmajane Prabu Pandhudewanata. Ing pangajab bisa ngurunake sejarahing ratu. Idi pangestuning para pepundhen dewa ngudaneni jumenenging ratu Parikesit ana ing negara Ngastina saparipurnaning perang Baratayudha.

Cakepan : Panjerino

Unknown
Panjerina

( Sunyahni & Manthous )

Sewengi tan bisa nendra
Gawang-gawang katon ning netra
Tak sesuwun mugi enggal enjang
Ngekes ing ati sing kapang

Yen lintange panjerina
Wus semburat sumunar ngalela
Aku wus anganti-nganti tenan
Aning Stasiun Balapan

Prasasat kaya sewindu
Ngantu-antu ngenteni tekamu
Beda duk ngraket asmara
Nadyan meh rahina
Ning ing rasa mung sedela

Yen lintange panjerina
Melu setya ngewangi ngenteni
Yen sepur senja wis katon teka
Esemu nambani ati

Cakepan : Luntur

Unknown
Luntur

( Didi Kempot )

Yen luntura wenterane
Ora kaya yen luntur tresnane
Tekan tekane atine
Kaya-kaya mung sak sire dhewe

Ora sembada mbiyene
Saben dina mung tansah methuke
Saben kepethuk tembunge
Anggrerepo dadiya duweke

Ora maido kala mangsa
Mung sok gawe gela
Ewo semana nganti bisa
Nglunturke tresna

Ditambakna mrana mrene
Tiwas-tiwas ndedawa larane
Nanging tamba sejatine
Ora liya mung awake dhewe

Cakepan : Kangen Kowe

Unknown
Kangen Kowe

( Didi Kempot )

Sepine ing wengi iki
Aku eling
Atiku mung tansah eling karo kowe

Angin parama ribut
Tansah ngelingake
Aku ora bakal lali karo kowe

Aku kangen kowe
Esuk awan wengi sore
Aku kangen kowe
Cah ayu aku neng kene

Aku kangen kowe
Entenono sak tekane
Aku kangen kowe
Aku kangen karo kowe

Kangen kangen
Yang aku kangen
Ngenteni kowe
Aku neng kene

Eling alismu eling pipimu
Ugo eling kuwi ayumu cah ayu
Neng kene kangen atiku kangen
Mung eling karo kowe cah ayu

Cakepan : Lir-ilir

Unknown
Lir-ilir


Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh panganten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Sun suraka surak iyo

Wangsalan

Unknown
Wangsalan

Wangsalan yaiku unen-unen cangkriman ananging dibatang dhewe. Ukarane ora persis ananging memper wae. Contone wangsalan yaiku :

  • Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh.
          ( Janur gunung = aren / kadingaren )
  • Njenang gula, kowe aja lali.
          ( Jenang gula = gelali / aja lali )
  • Njenang sela, sedaya lepat nyuwun pangapura.
          ( Jenang sela = apu / apura )

  • Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu
          ( Sekar aren = dangu / dangu )
  • Mbalung klapa, geleme mung ethok-ethokan.
          ( Balung klapa = bathok / ethok-ethok )
  • Reca kayu, goleka kawruh rahayu.
          ( Reca kayu = golekan / goleka )

Cakepan : Getun

Unknown
Getun

( Manthous )

Getun
Getunku setaun
Ning ati gela rasane kuciwa
Sithik-sithik mung ngalamun
Anelangsa rina klawan wengi

Rumunku setaun
Yen lagi bingung saya tambah pengung
Iwak grameh pangan welut
Piye maneh wis barang kebacut

Pripun kepriben
Minta ampun ketiban amben
Boten purun lha nggih kajenge

Nambahi bingung
Jarene wong getun
Yen digeged boten mantun-mantun

Sinten sing purun kersane mantun
Ngge tamba ngalamun
Getunku nganti setaun
Ampun-ampun trimah sakit wudun

Pripun kepriben
Minta ampun ketiban amben
Boten purun lha nggih kajenge

Nambahi bingung
Jarene wong getun
Yen digeged boten mantun-mantun

Sinten sing purun kersane mantun
Ngge tamba ngalamun
Getunku nganti setaun
Ampun-ampun trimah sakit wudun

Cangkriman

Unknown
Cangkriman

Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek maksude.
Contone cangkriman yaiku :


  • Pitik walik saba kebon
           - Nanas  -
  • Sega sakepel dirubung tinggi
           - Salak -
  •  Pitik walik saba meja
           - Sulak -
  •  Nek dikethok malah dhuwur, nek disambung malah cendhek
           - Kathok -
  • Siji ora dadi loro ora kanggo telu mlaku papat mangkat lima sampurna
           - Klembak Menyan -
  • Sing tuwa wudoh anake tapihan
          - Wit pring -
  • Anak dipidak-pidak sing tuwa di elus-elus
          - Andha -
      

Cakepan : Bengawan Sore

Unknown
Bengawan sore

( Manthous )

Ning pinggiring bengawan
Tansah sedya ngenteni sliramu
Eling-eling jamane semana
Wus dungkap pitung ketiga

Ning pinggiring bengawan
Saben-saben mung tansah kelingan
Wus prasetya ing janji
Marsudi ing lair terusing ati

Sanadyan kaya ngapa
Manungsa mung bisa ngreka lan njaga
Gusti kang paring idi lan pesthi
Kita sadermo nglampahi

Ning pinggiring bengawan
Wayah sore tansaya kelingan
Nyawang gawang esemu cah ayu
Gawe sedhihing atiku








Minggu, 10 Januari 2016

Virus

Unknown
Ngilangake virus Hidden


Wong kang nggunakake Flashdisk utawa Hardisk mesthi wis tau nglakoni kelangan dhata ananging dhata mau ora ilang, mung ora ketok. Kedadeyan mau amarga ana virus kang nyerang. Jenenge yaiku virus Hidden. Ana pirang-pirang cara kanggo ngilangake virus iki, yaiku :

a. Cmd

1)      Start  → tulis cmd → enter


2)      Tulis letak flashdisk utawa hardisk mau. 






3)      Tulis kaya ing ngisor iki



4)      Pencet enter, dhata wis mbalik kaya maune.


b. SmadAV


              Cara kapindho yaiku nggunakake antivirus SmadAV

1)      Mlebu ning SmadAV


2)      Pencet Hidden


3)      Pencet unhide all


4)      Dhata sing kena virus wis mbalik kaya maune 

Lelungidan 5

Unknown
Lelungidan 5


ha.   Aja dumeh!
na.   Nirua kang becik.
ca.   Cacade dhewe ora tau katon?
ra.    Ririh, rereh, ruruh. Raras.
ka.   Kabeh kang lagi wiwit iku angel.
da.   Dipikir, ditandangi, didhadhagi.
ta.    Teka katon raine, lunga katon gegere.
sa.    Salah, seleh.
wa.  Wong bodho dadi pangane wong pinter.
la.    Lair iku utusaning batin.
pa.   Prelu andhap asor, ora prelu ngasorake pibadi.
da.   Dhalang mangsa kuranga laon.
ja.    Jun lokak kocak-kacik.
ya.   Yen ora ngreti kang ala, iya ora ngreti kang becik.
nya. Nyata pinter ora kuminter.
ma.  Melik nggendhong lali.
ga.   Garang, garing.
ba.   Becik ketitik, ala ketara.
tha.  Theleg-theleg. Ati bebeg, pikir puteg. Kudu ditumpleg.
nga.  Ngudia amrih ditiru, aja mung tiru-tiru bae!


Rama Sudi Yatmana
- Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda -

Lelungidan 4

Unknown
Lelungidan 4

ha.   Aja ndakwa wong sing ora ana!
na.   Nepsu iku abdi kang setya, bendara kang jail.
ca.   Carane sinau iya kudu disinau.
ra.    Rame ing gawe, rame ing pamrih. Ayo!
ka.   Kautaman kang kudu kautamakake.
da.   Darma bektimu apa?
ta.    Tansah ngati-atia!
sa.    Sapa siya-siya marang wektu ateges disiya-siya dening wektu.
wa.  Wong gedhe iku ora rumangsa gedhe.
la.     Lumrah ing jaman biyen asu gedhe menang kerahe.
pa.    Pakulinan iku kodrat kang angka loro.
dha.  Dhasaring tresna : katresnan.
ja.     Jangkamu jangkahen!
ya.    Yen kapeksa nacad, nggunakna tembung manis.
nya.  Nyabarake atine dhewe bae ora bisa, mendah nyabarake atine wong liya.
ma.   Mangan amrih urip, ora urip amrih mangan.
ga.    Gunakna tepa salira!
ba.    Begja-begjane kang lali, maksih begja kang eling lawan waspada.
tha.   Theng. Mantheng. Aja gojag-gajeg!
nga.  Ngreti manawa ora ngreti. Sinaua!


Rama Sudi Yatmana
- Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda -

Lelungidan 3

Unknown
Lelungidan 3


ha.    Ing ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa. Tut wuri handayani.
na.    Nistha, madya, utama. Sira kudu bisa mbedakake.
ca.    Calon, durung mesthi klakon.
ra.    Rumangsa pinter tandha yen bodho.
ka.    Kawiranganing liyan tumbuhana!
da.    Dadia ragi sarta uyahing bebrayan!
ta.     Tulungana sing pancen butuh pitulungan!
sa.     Saben dina umurmu suda sadina.
wa.   Wani urip kudu wani mati.
la.     Luwih mbebayani mogol ing panggulawenthah tinimbang mogol ing pasinaon.
pa.    Prakara iku geni upamane : yen wis mubal angel panyirepe.
dha.  Dhasare manungsa iku kinodrat becik. Buktine, emoh diarani ala.
ja.    Jiwa kang saras dedunung ing raga kang waras.
ya.   Yen nedya sugih, kudu wani mlarat.
nya.  Nyata. Gugunen!
ma.   Mamerake pintermu padha bae karo mamerke bodhomu.
ga.    Gemi, satiti, ngati-ati. Kudu diudi.
ba.    Bares, beres.
tha.   Thukuling katresnan diipuk-ipuk, disirami, didhangir dirabuk; diopeni cikben wohe ndadi.
nga.  Ngajeni ing liyan ateges uga ngajeni awakmu dhewe.


Rama Sudi Yatmana
- Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda -

Lelungidan 2

Unknown
Lelungidan 2


ha.   Urip lan pati iku siji.
na.   Nuruta kang bener!
ca.   Cag-ceg sauger cocog.
ra.   Rai iku pangiloning ati.
ka.   Kawruhana : hakmu apa, wajibmu apa!
da.   Denbisa ajur-ajer.
ta.    Tumanggap becik marang liyan iku becik.
sa.    Sabar, subur.
wa.  Witing trisna jalaran saka kulina.
la.    Luputing liyan. Benere dhewe. Padha ngeglane. Kok ora adil?
pa.   Pasinaon iku ora ana cunthele.
dha. Dhasaring kawruh : ora pracaya. Dhasaring kapracanan : pracaya.
ja.    Jare njaluk digugu. Lha kok goroh.
ya.   Yen ora kokudi, apa bisa dadi?
nya.  Nyenyelengi. Njagani kang ora kanyana-nyana
ma.   Meneng anggere menang.
ga.    Guru. Digugu? Ditiru?
ba.    Beda kulit, beda anggit.
tha.   Thukna kang mathis!
nga.  Ngaya gelis tuwa.


Rama Sudi Yatmana
- Tuntunan Kagem Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda -

Lelungidan 1

Unknown
Lelungidan 1

ha.   Aja ngandhakake apa bae kang ora kokngreteni!
na.   Nandur kabecikan, panen kabecikan.
ca.   Cipta, rasa, karsa, daya, lan karya kudu saeka.
ra.   Ruwed rentenging donya iki jalaran urip ora padha nindakake kawajibaning urip
ka.   Kang wani kang wenang.
da.   Duwe sedya becik ora enggal koktindakake iku padha karo ndhedher wiji laraning ati.
ta.    Tansah was-was tandha ora saras.
sa.   Senenging ati ndawakake umur.
wa.  Wong lara ngarep-arep waras.
        Wong waras, apa pangarep-arepmu?
la.    Lembah manah gawe kuncaraning pribadi
pa.   Pinuju bungah elinga susah, pinuju susah elinga bungah!
dha. Dhasaring ngaurip iku gotong royong.
ja.    Jeneng tresna kudu wani nglabuhi lara sangsara.
ya.   Yen wis janji, kudu kokleksanani.
nya.  Nyampurnakake urip klawan sucining ati.
ma.   Momor, momot, momong. Mesthi mikolehi.
ga.    Gemi iku becik. Mung gemining wong cethil kang ora becik.
ba.    Becik necada cacadmu dhewe!
tha.  Thothok-thothoka lawang yen njaluk diwengani!
nga.  Ngunggulake dhiri bakal diasorke, sapa andhap asor bakal diunggulake.



Rama Sudi Yatmana
- Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda -

Jumat, 08 Januari 2016

Resensi : Supernova

Unknown
SUPERNOVA : KSATRIA, PUTRI, & BINTANG JATUH



Idhentitas Buku :

a. Judhul            : SUPERNOVA : KSATRIA, PUTRI, & BINTANG JATUH
b. Penganggit    : Dewi Lestari
c. Penerbit         : PT Bentang Pustaka
d. Taun Terbit   : 2012
e. Kandel Buku : 322 hlm; 20 cm
f. ISBN              : 978-602-8811-72-9


Ringkesing crita :

Kanggo nepati janji kang wis tau diikrarke, Dimas lan Reuben nggawe karangan, nulis crita babagan tresna kang terlarang. Tulisan mau diweneni judhul 'Ksatria, Putri, dan Bintang Jatuh'. Ing sajroning panguripan, ana tresna terlarang antarane Ferre lan Rana. Crita tresnane Ferre lan Rana iki padha karo dhinamika Ksatria lan Putri kang ana ing crita kang dianggit dening Dimas lan Reuben. 

Ferre yaiku wong lanang kang uripe sukses, nduweni perusahaan kang gedhe. Rana yaiku wartawan kang uwis ngantenan karo Arwin. Ananging Rana ngerasa panguripan karo Arwin ora koyo sing dibayangke. Rana ngerasa ora seneng. Nalika Rana wawancara maang Ferre ana ing perusahaane Ferre, antarane Ferre karo Rana padha-padha seneng marang siji lan liyane. Sawise wawancara kuwi Ferre lan Rana banjur ketemu lan dadi pasangan ana ing mburine Arwin.

Sing dadi tokoh Bintang Jatuh yaiku Diva. Diva nduweni gawean dadi paragawati, nanging sinambi dadi pelacur. Sakjane Diva yaiku Supernova. Ing pungkasan, Rana akhire sadar yen hubungane karo Ferre iku salah, Rana banjur mbalik karo Arwin. Ferre kang semplah atine ketemu marang Diva kang iso ngobati larane Ferre.

Durung ilang kagete Dimas lan Reuben jebul di hubungi karo Supernova, tokoh kang diciptakake Dimas lan Reuben. Jebul Supernova ana ing donya asli. Dimas lan Reuben didadekake uwong kapercayane Supernova. Lebar misi kang dilakokake Diva rampung, Diva banjur lungo. 

Kaluwihaning crita :
  • Idhe crita kang apik
  • Pamikiran penganggit kang cerdhas
Kekuranganing crita :
  • Basa kang digunakake angel dipahami
  • Kedadean kang angel ditompo nalar

Simpulan :

Buku Ksatria, Putri, dan Bintang Jatuh iki apik diwoco amarga pamikiran panganggit kang becik lan babagan sedherhana kang ra tau uwong pikirke dijabarake dadi istimewa.



Crita Rakyat Kutha Magelang

Unknown
Dusun Rambeanak

Ing sawijining kutha Magelang desa Blondo ana dusun kang jenengane dusun Rambeanak. Dusun Rambeanak duwe asal usul kadadean kang bisa dijenengi Rambeanak.Sawijining wektu, ana ratu kang diajeni banget dening wargane, pasuryane katon tineja, atine apik lan duwe kawicaksanan. Nalika kuwi dheweke dhuwe putra loro sing mbarep isih cilik sing nomer loro isih ana ing guwagarbane ibu. Sang ratu ngendika marang garwane yen dheweke arep ngumbara nglana ing saparan paran, uwis ora mikir kadonyan maneh lan urusan kraton dak pasrahake marang awakmu, aku pamit. Bojone ora bisa piye piye senajan ora tega, banjur nglilani lunga. Anggone mlaku saparan paran diambah tanpa duwe rasa kesel lan nyesel, mangan namung njagakake saka pawewehe uwong kang melas karo deeweke. Atine wis tatak anggone lakune iki sajroning dada kang ora bisa diapusi. Nganti tekan ngalas kang gwdhe lan durung tau di ambah dening manungsa. Ing kana dhewe samedi anuju Gusti. Nalika samedi ana sing ngganggu bangsane para lelembut sing memba memba ngganggu tapane, konflik batine ra karuan amarga kuwi, banjur nyuwun dening Gusti dalan kang bener, sabanjure lelembut padha ora bisa ngganggu lan atine wia ora bisa owah maneh. Duwe kasekten lan kanuragan ing awake jalaran saka samedine lan ngasah kekuatane supaya kasembadan sedyanira. Para warga ngerteni dheweke, namung kasebut pandita utawa biksu sing lagi tapa ing njero alas lan para warga ing desa ora padha ngerti yen kuwi ratu, padha nyebut pandita amarga sandangane wis kayata pandita utawa biksu.
Sawijining wektu pirang pirang taun wis lewat, putra ratu mau kang cilik dhewe uwis dewasa dadi wanita kang ayu pasuryane. Kepengin nggolei ramane, banjur matur dening ibu lan mbak yune ananging ora tega marang dheweke lungane sing tanpa keblat ora ngerti nangendi anggone nggolei. Ambokna ora tega ya apa maneh, ora bisa ngalangi anggone nggolei ramane.

          Ing paran dheweke mlaku terus nganti jajah desa milang kori di sembadani nanging durung bisa nemokake ana ngendi papan anggone bisa nemoni. Nalika lagi mlaku turut dalanan kang sepi dheweke ketemu para penjahat sing arep ngrampok utawa gawe karusuhan marang dheweke, banjur padha gelutan lan bisa nglolosake saka wong mau naging tangan utawa awake ana sung kena gaman naging orapapa, kanggo ngilangi jejae banjur ngekei tandha kang salah marang para panjahat mau. Sasue taun anggone mlaku nggolei ramane, nalika mlaku papasan karo uwong banjur diwenehi ngerti yen wong mau nuduhake, ing alas kana kae ana pandita mungkin andita kuwi ngerti apa sing mbok golei. Lebar kuwi dheweke banjur mlebu alas sing dituduhake nganti tengah alas, nalika semana ketemu pandita sing lagi wae rampung nindakake tapabrata. Pandita weruh banjur pitakonan, “ana apa ing kene lan arep gorek karep kepriye nganti tekan tengah alas sing durung mesti ana manungsa”. Nanging tanpa wangsulan.  Let suwe, ana kana pandita mau nembung karo bocah wadon sing ditemokake yen arep digarwa, bacah wadon mau teka manthuk gelem. Wis suwe anggone bebojoan, bojone lagi ngandut gedhe, pandita tinakon dining sing mbiyen nalika semana durung ngerti sapa sejatining dheweke, banjur crita saka awal nganti bisa tekan ing kene. Bareng ngerti sapa kuwi sejatine,  pandhita kaget banjur ngendika yen aku ramamu sing kok golei seprene iki. Amarga isin lan wis kabacut, pandita mau arep merjaya awae dhewe nyemplung jurang. Sadurunge nyemplung, dheweke aweh pesen marang putra utawa garwane kuwi dadekake papan iki dadi desa kang rame lan tentrem banjur di jenengi Rabi Anak. Pandita wis seda, kanggo pengeling anane kadadean mau papan iki dijenengi Rabi Anak, sing sak iki ketelah dadi Rambeanak sing mapan ing dusun Rambeanak.

Geguritan : Sepining Udan

Unknown
                   Sepining Udan

Rasa ing pangrasa rada bingung
Grimis ing tengah dalan
Rakepethuk kanca
Grimis maleh dadi udan deres
Awak klebus ora ana sing ngancani
Adem tekan awak saya nggregesi
Mlaku mepet kalen
Sepi ora ana uwong
Sesawangan isih adoh
Udan mandheg tanpa dinyana
Nanging liyane pating keciprak
Mung batin rada was was
Nalika panyawang madep ngawang awang
Rasa kaget jebul ana pangiyupan
Ireng radha jembar
Dadi tampuning banyu
Sesandingan karo sliramu
Nanging ora ngerti karepe
Rasa ternuwun
Ati tentrem bisa bebarengan
Nanging padha mbisu
Ora ana swara sing nyaingi
Lelagone tangising langit
Semribit bareng laku
Nyilak hawa

Kaanggit dening: Endah Dwi Purnawati

Resensi : 8...9...10... UDAH BELOM?!

Unknown

8...9...10... UDAH BELOM?!





Idhentitas Buku

a. Judhul                          : 8...9...10... UDAH BELOM?!
b. Penganggit                  : Laurentia Dermawan
c. Penerbit                       : PT Gramedia Pustaka Utama
d. Taun Terbit                 : 2008
e. Kandel Buku               : 216 hlm; 20 cm
f. ISBN                           : 978-979-22-3907-2

Ringkesing Crita :

Nalika Nesya isih cilik, saben sore Nesya dolanan bareng kancane jenenge Vino. Wektu Nesya dolan jilumpet karo Vino, Vino malah bali menyang omah amargo dipethuk selak dikon bali. Nesya ijeh nunggu digoleki Vino tekan wengi. Langit saya peteng, Nesya wedi ra iso bali, banjur nangis. Akhire, Nesya ditulungi marang bocah liya. Jenenge yaiku Mike. Esuke Nesya wis ora ketemu meneh karo Vino amargo Vino pindhah omah.

10 taun sawise, Nesya mlebu ning SMA Pelita, padha karo Vino. Ananging Nesya ora eling karo Vino amargo 3 sasi kepungkur Nesya kecelakaan kang ndadekake dheweke amnesia. Vino mbalik ning omahe sing mbiyen. Vino eling marang Nesya ananging Nesya ora eling marang Vino. Vino pengin ngrewangi Nesya kelingan, ananging Kiara kancane Nesya ora pengin Nesya eling amargo wedi Nesya bakal sedhih minanga elingan yen uwis Mike mati.

Saya suwe Vino seneng marang Nesya lan ora pengin yen Nesya kelingan marang Mike. Nganti tekan kedadeyan nalika Vino ngejak Nesya menyang makame Mike, ananging Nesya emoh malah ketabrak montor ning ndalan. Nesya mlebu rumah sakit, semaput 2 dina. Bareng sadar, Nesya kelingan sakabehane. Banjur nesu marang Kiara lan Vino amargo ngapusi marang awake.

Nesya sakjane uga seneng marang Vino ananging isih ana rasa ora kepenak marang Alm. Mike. Vino uga ngenehi wektu marang Nesya kanggo mikir lan nata ati. Pungkasan, Nesya iso nampa Vino. Nesya lan Vino mbaleni dolanan jilumpet meneh. Amargo dolanan kang dilakoni mbiyen durung rampung, Vino durung bisa nemokake Nesya. Jilumpete saiki Vino akhire bisa nemokake Nesya.


Keluwihaning Buku :

  • Cerita kang disuguhake sederhana, ora neka neko
  • Basa kang digunakake gampang anggone dipahami

Kekuranganing Buku :

  • Ora ana pengembangan cerita
  • Ora ana pengembangan tokoh, tokoh ang ana mung kuwi kuwi

Simpulan :

Buku “8...9...10... UDAH BELOM?!” apik diwoco marang kabeh umur amarga ngemu nasehat babagan kekancan, katresnan, lan pentinge tumindak jujur.


Coprights @ 2016, Blogger Template Designed By Templateism | Distributed By Blogger Template