ha. Ing ngarsa sung
tuladha. Ing madya mangun karsa. Tut wuri handayani.
na. Nistha, madya,
utama. Sira kudu bisa mbedakake.
ca. Calon, durung
mesthi klakon.
ra. Rumangsa pinter
tandha yen bodho.
ka. Kawiranganing
liyan tumbuhana!
da. Dadia ragi sarta
uyahing bebrayan!
ta. Tulungana sing
pancen butuh pitulungan!
sa. Saben dina umurmu
suda sadina.
wa. Wani urip kudu wani mati.
la. Luwih mbebayani
mogol ing panggulawenthah tinimbang mogol ing pasinaon.
pa. Prakara iku geni
upamane : yen wis mubal angel panyirepe.
dha. Dhasare manungsa
iku kinodrat becik. Buktine, emoh diarani ala.
ja. Jiwa kang saras
dedunung ing raga kang waras.
ya. Yen nedya sugih,
kudu wani mlarat.
nya. Nyata. Gugunen!
ma. Mamerake pintermu
padha bae karo mamerke bodhomu.
ga. Gemi, satiti,
ngati-ati. Kudu diudi.
ba. Bares, beres.
tha. Thukuling
katresnan diipuk-ipuk, disirami, didhangir dirabuk; diopeni cikben wohe ndadi.
nga. Ngajeni ing
liyan ateges uga ngajeni awakmu dhewe.
Rama Sudi Yatmana
- Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda -
0 komentar:
Posting Komentar