Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara lan nduweni purwakanthi ab-ab. Ukara sepisanan yaiku ukara kaggo narik kawigaten, kang kapindho minangka isi. Parikan iku kaya dene pantun ananging mung rong larik. Parikan uga migunakake purwaknthi swara.
Conto saka parikan yaiku :
- Wajik klethik, gula jawa
Kalah dhisik, ora papa
- Tawon madu, ngisep sekar
Dadi guru, kudu sabar
- Kripik kenthang, kripik tela
Sithik edhang, waton rata
- Kutha Kendhal, Kaliwungu
Ajar kenal, karo aku
- Jambu, apa jeruk
Aku melu, apa entuk
- Kupat binuntel ro klapa
Sedaya lepat, nyuwun ngapura
- Rujak cengkir, pantes den wadhahi cangkir
Mipir-mipir, polahe wong arep ngesir
- Bisa nggambang, ora bisa nyuling
Bisa nyawang, ora bisa nyanding
0 komentar:
Posting Komentar