8...9...10... UDAH BELOM?!
Idhentitas Buku
a. Judhul : 8...9...10... UDAH BELOM?!
b. Penganggit : Laurentia Dermawan
c. Penerbit : PT Gramedia Pustaka Utama
d. Taun Terbit : 2008
e. Kandel Buku :
216 hlm; 20 cm
f. ISBN :
978-979-22-3907-2
Ringkesing Crita :
Nalika Nesya isih cilik, saben sore Nesya dolanan bareng kancane jenenge Vino. Wektu Nesya dolan jilumpet karo Vino, Vino malah bali menyang omah amargo dipethuk selak dikon bali. Nesya ijeh nunggu digoleki Vino tekan wengi. Langit saya peteng, Nesya wedi ra iso bali, banjur nangis. Akhire, Nesya ditulungi marang bocah liya. Jenenge yaiku Mike. Esuke Nesya wis ora ketemu meneh karo Vino amargo Vino pindhah omah.
10 taun sawise, Nesya mlebu ning SMA Pelita, padha karo Vino. Ananging Nesya ora eling karo Vino amargo 3 sasi kepungkur Nesya kecelakaan kang ndadekake dheweke amnesia. Vino mbalik ning omahe sing mbiyen. Vino eling marang Nesya ananging Nesya ora eling marang Vino. Vino pengin ngrewangi Nesya kelingan, ananging Kiara kancane Nesya ora pengin Nesya eling amargo wedi Nesya bakal sedhih minanga elingan yen uwis Mike mati.
Saya suwe Vino seneng marang Nesya lan ora pengin yen Nesya kelingan
marang Mike. Nganti tekan kedadeyan nalika Vino ngejak Nesya menyang makame
Mike, ananging Nesya emoh malah ketabrak montor ning ndalan. Nesya mlebu rumah
sakit, semaput 2 dina. Bareng sadar, Nesya kelingan sakabehane. Banjur nesu
marang Kiara lan Vino amargo ngapusi marang awake.
Nesya sakjane uga seneng marang Vino ananging isih ana rasa ora kepenak marang Alm. Mike. Vino uga ngenehi wektu marang Nesya kanggo mikir lan nata ati. Pungkasan, Nesya iso nampa Vino. Nesya lan Vino mbaleni dolanan jilumpet meneh. Amargo dolanan kang dilakoni mbiyen durung rampung, Vino durung bisa nemokake Nesya. Jilumpete saiki Vino akhire bisa nemokake Nesya.
Keluwihaning
Buku :
- Cerita kang disuguhake sederhana, ora neka neko
- Basa kang digunakake gampang anggone dipahami
Kekuranganing Buku :
- Ora ana pengembangan cerita
- Ora ana pengembangan tokoh, tokoh ang ana mung kuwi kuwi
Simpulan :
Buku “8...9...10... UDAH BELOM?!” apik diwoco marang kabeh umur amarga ngemu nasehat babagan kekancan, katresnan, lan pentinge tumindak jujur.
0 komentar:
Posting Komentar