Lelamun Wayah Wengi
Lintang lintang pating gumebyar
Dadi sesawangan ing payawang
Angin semilir gawe semribit
Rasa ayem nganti tentreming batin
Wengi sansaya peteng
Sepi njroning dada
Nanging langit katon padang
Cahya cumlorot gawe oboring jagad
Panyawang dadi
sampurna ing mripat
Ati gandrung nandang tresna
Lelamunan nganti tekan ngendi
Mesem nggonku ngguyu nganti ora ketara
Mung rasa seneng kegawa nglantur
Kaya wong ngedan dadi ora eling
Yen iki wayah bengi
Suwara ora ana mung batin
Lagi rengeng rengeng
Tekan padhanging wektu
Kaanggit dening: Endah Dwi Purnawati
0 komentar:
Posting Komentar