Wangsalan yaiku unen-unen cangkriman ananging dibatang dhewe. Ukarane ora persis ananging memper wae. Contone wangsalan yaiku :
- Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh.
( Janur gunung = aren / kadingaren )
- Njenang gula, kowe aja lali.
( Jenang gula = gelali / aja lali )
- Njenang sela, sedaya lepat nyuwun pangapura.
( Jenang sela = apu / apura )
- Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu
( Sekar aren = dangu / dangu )
- Mbalung klapa, geleme mung ethok-ethokan.
( Balung klapa = bathok / ethok-ethok )
- Reca kayu, goleka kawruh rahayu.
( Reca kayu = golekan / goleka )
0 komentar:
Posting Komentar