ha. Aja ndakwa wong
sing ora ana!
na. Nepsu iku abdi
kang setya, bendara kang jail.
ca. Carane sinau iya
kudu disinau.
ra. Rame ing gawe,
rame ing pamrih. Ayo!
ka. Kautaman kang
kudu kautamakake.
da. Darma bektimu
apa?
ta. Tansah
ngati-atia!
sa. Sapa siya-siya
marang wektu ateges disiya-siya dening wektu.
wa. Wong gedhe iku
ora rumangsa gedhe.
la. Lumrah ing jaman
biyen asu gedhe menang kerahe.
pa. Pakulinan iku
kodrat kang angka loro.
dha. Dhasaring tresna
: katresnan.
ja. Jangkamu
jangkahen!
ya. Yen kapeksa
nacad, nggunakna tembung manis.
nya. Nyabarake atine
dhewe bae ora bisa, mendah nyabarake atine wong liya.
ma. Mangan amrih
urip, ora urip amrih mangan.
ga. Gunakna tepa
salira!
ba. Begja-begjane
kang lali, maksih begja kang eling lawan waspada.
tha. Theng. Mantheng.
Aja gojag-gajeg!
nga. Ngreti manawa
ora ngreti. Sinaua!
Rama Sudi Yatmana
- Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda -
0 komentar:
Posting Komentar