ha. Aja ngandhakake
apa bae kang ora kokngreteni!
na. Nandur kabecikan,
panen kabecikan.
ca. Cipta, rasa,
karsa, daya, lan karya kudu saeka.
ra. Ruwed rentenging
donya iki jalaran urip ora padha nindakake kawajibaning urip
ka. Kang wani kang
wenang.
da. Duwe sedya becik
ora enggal koktindakake iku padha karo ndhedher wiji laraning ati.
ta. Tansah was-was
tandha ora saras.
sa. Senenging ati
ndawakake umur.
wa. Wong lara ngarep-arep waras.
Wong waras,
apa pangarep-arepmu?
la. Lembah manah gawe
kuncaraning pribadi
pa. Pinuju bungah
elinga susah, pinuju susah elinga bungah!
dha. Dhasaring
ngaurip iku gotong royong.
ja. Jeneng tresna kudu
wani nglabuhi lara sangsara.
ya. Yen wis janji,
kudu kokleksanani.
nya. Nyampurnakake
urip klawan sucining ati.
ma. Momor, momot,
momong. Mesthi mikolehi.
ga. Gemi iku becik.
Mung gemining wong cethil kang ora becik.
ba. Becik necada
cacadmu dhewe!
tha. Thothok-thothoka
lawang yen njaluk diwengani!
nga. Ngunggulake
dhiri bakal diasorke, sapa andhap asor bakal diunggulake.
Rama Sudi Yatmana
- Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda -
0 komentar:
Posting Komentar