Jumat, 08 Januari 2016

Geguritan : Layang Tanpa Nyawa

Unknown

Layang Tanpa Nyawa

Druwang lawas isi mangsi
Katulis jeneng ing rasa
Banyu mili tumetes tekan batin
Wektu ora mung sedela
Rina wengi anggonku ngenteni
Rupa wus ora katon katejan maneh
Ing panyawang mripat dadi wuta
Kegandrungan marang sliramu
Tresna kang gawe gela
Kaya surya ora bakal bisa sesandingan marang candra
Nanging ing njero ngati
Rasa tresna ora bakal ilang
Nalika lelamunan saya buyar
Udan tangis dadi samudra
Layang sing ora bakal tak kirim
Mung siya siya
Dadi sampah kang ora bisa keli


Kaanggit dening : Endah Dwi Purnawati

Unknown / Author & Editor

Has laoreet percipitur ad. Vide interesset in mei, no his legimus verterem. Et nostrum imperdiet appellantur usu, mnesarchum referrentur id vim.

0 komentar:

Posting Komentar

Coprights @ 2016, Blogger Template Designed By Templateism | Distributed By Blogger Template