ha. Urip lan pati iku
siji.
na. Nuruta kang
bener!
ca. Cag-ceg sauger
cocog.
ra. Rai iku
pangiloning ati.
ka. Kawruhana : hakmu
apa, wajibmu apa!
da. Denbisa
ajur-ajer.
ta. Tumanggap becik
marang liyan iku becik.
sa. Sabar, subur.
wa. Witing trisna
jalaran saka kulina.
la. Luputing liyan.
Benere dhewe. Padha ngeglane. Kok ora adil?
pa. Pasinaon iku ora
ana cunthele.
dha. Dhasaring kawruh
: ora pracaya. Dhasaring kapracanan : pracaya.
ja. Jare njaluk
digugu. Lha kok goroh.
ya. Yen ora kokudi,
apa bisa dadi?
nya. Nyenyelengi.
Njagani kang ora kanyana-nyana
ma. Meneng anggere
menang.
ga. Guru. Digugu?
Ditiru?
ba. Beda kulit, beda
anggit.
tha. Thukna kang
mathis!
nga. Ngaya gelis tuwa.
Rama Sudi Yatmana
- Tuntunan Kagem Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda -
0 komentar:
Posting Komentar