Dusun Rambeanak
Ing
sawijining kutha Magelang desa Blondo ana dusun kang jenengane dusun Rambeanak.
Dusun Rambeanak duwe asal usul kadadean kang bisa dijenengi
Rambeanak.Sawijining wektu, ana ratu kang diajeni banget dening wargane,
pasuryane katon tineja, atine apik lan duwe kawicaksanan. Nalika kuwi dheweke
dhuwe putra loro sing mbarep isih cilik sing nomer loro isih ana ing
guwagarbane ibu. Sang ratu ngendika marang garwane yen dheweke arep ngumbara
nglana ing saparan paran, uwis ora mikir kadonyan maneh lan urusan kraton dak
pasrahake marang awakmu, aku pamit. Bojone ora bisa piye piye senajan ora tega,
banjur nglilani lunga. Anggone mlaku saparan paran diambah tanpa duwe rasa kesel
lan nyesel, mangan namung njagakake saka pawewehe uwong kang melas karo
deeweke. Atine
wis tatak anggone lakune iki sajroning dada kang ora bisa diapusi. Nganti tekan
ngalas kang gwdhe lan durung tau di ambah dening manungsa. Ing kana dhewe
samedi anuju Gusti. Nalika samedi ana sing ngganggu bangsane para lelembut sing
memba memba ngganggu tapane, konflik batine ra karuan amarga kuwi, banjur
nyuwun dening Gusti dalan kang bener, sabanjure lelembut padha ora bisa
ngganggu lan atine wia ora bisa owah maneh. Duwe kasekten lan kanuragan ing
awake jalaran saka samedine lan ngasah kekuatane supaya kasembadan sedyanira. Para warga
ngerteni dheweke, namung kasebut pandita utawa biksu sing lagi tapa ing njero
alas lan para warga ing desa ora padha ngerti yen kuwi ratu, padha nyebut
pandita amarga sandangane wis kayata pandita utawa biksu.
Sawijining wektu pirang pirang taun wis lewat, putra ratu mau kang cilik
dhewe uwis dewasa dadi wanita kang ayu pasuryane. Kepengin nggolei ramane,
banjur matur dening ibu lan mbak yune ananging ora tega marang dheweke lungane
sing tanpa keblat ora ngerti nangendi anggone nggolei. Ambokna ora
tega ya apa maneh, ora bisa ngalangi anggone nggolei ramane.
Ing paran dheweke mlaku terus nganti
jajah desa milang kori di sembadani nanging durung bisa nemokake ana ngendi
papan anggone bisa nemoni. Nalika lagi mlaku turut dalanan kang sepi dheweke
ketemu para penjahat sing arep ngrampok utawa gawe karusuhan marang dheweke,
banjur padha gelutan lan bisa nglolosake saka wong mau naging tangan utawa
awake ana sung kena gaman naging orapapa, kanggo ngilangi jejae banjur ngekei
tandha kang salah marang para panjahat mau. Sasue taun anggone mlaku nggolei
ramane, nalika mlaku papasan karo uwong banjur diwenehi ngerti yen wong mau
nuduhake, ing alas kana kae ana pandita mungkin andita kuwi ngerti apa sing
mbok golei. Lebar kuwi dheweke banjur mlebu alas sing dituduhake nganti tengah
alas, nalika semana ketemu pandita sing lagi wae rampung nindakake tapabrata. Pandita weruh banjur pitakonan, “ana apa ing
kene lan arep gorek karep kepriye nganti tekan tengah alas sing durung mesti
ana manungsa”. Nanging tanpa wangsulan. Let suwe, ana kana pandita mau nembung karo
bocah wadon sing ditemokake yen arep digarwa, bacah wadon mau teka manthuk
gelem. Wis suwe anggone bebojoan, bojone lagi ngandut gedhe, pandita tinakon
dining sing mbiyen nalika semana durung ngerti sapa sejatining dheweke,
banjur crita saka awal nganti bisa tekan ing kene. Bareng ngerti sapa kuwi
sejatine, pandhita kaget banjur ngendika yen
aku ramamu sing kok golei seprene iki. Amarga isin lan wis kabacut, pandita mau arep merjaya
awae dhewe nyemplung jurang.
Sadurunge nyemplung, dheweke aweh pesen marang putra
utawa garwane kuwi dadekake papan iki dadi desa kang rame lan tentrem banjur di jenengi
‘Rabi
Anak’.
Pandita wis seda, kanggo pengeling anane kadadean mau papan iki dijenengi ‘Rabi Anak’, sing sak iki ketelah
dadi Rambeanak sing mapan ing dusun Rambeanak.
0 komentar:
Posting Komentar