Carang Garing
Rasa lara nalika lingsir wengi
Hawa kang dadi adem
Kabut kandel nutupi tralis
Angin pating semribit
Jiwa raga krasa kaku
Bayang bayang kabur dadi blawur
Ora bisa cetha
Mung godhong mabur mabur
Gogrok ninggal cawang
Kaya kembang nabur janji
Sing ora bakal ketemu nalar
0 komentar:
Posting Komentar